Rabu, 23 Maret 2016

Resep Nggawe Glotak

 


 


            Glotak kuwe panganan tradisional sekan Tegal. Glotak kuwe panganan sing bahan dasare saka dage(kaya bahan dasare nggawe gembus). Glotak biasane bisa dewek nomoni nang pasar. Nyong slaku wong Tegal pan mbagi resep glotak maring kowen-kowen kabeh.

 

Bahan-Bahane :

  • Dage sing wis di tumbuk kasar secukupe
  • Banyu kaldu sekan balung ayam/tetelan sapi secukupe
  • Ceker/tetelan/balung (ayam/sapi)
  • Minyak sayur kanggo menumis



Bumbu-Bumbune :

  • 3 siung bawang putih
  • 4 siung bawang abang
  • 4 Cabe abang (sesuai selerane)
  • 3 Cabe ijo (sesuai selerane)
  • Garam
  • Gula pasir
  • Sereh
  • Godong salam
  •  

Cara nggawene :

  1. Tumis bumbu-bumbune nganti wangi karo seren lan godong salam
  2. Manjingna ceker/tetlan/balung (ayam/sapi)
  3. Manjingna banyu kaldu
  4. Terus manjingna dage
  5. Masak nganti banyune kentel



Kuwe resep gelotak kowe-kowen kabeh bisa nggawe fariasi dewek naang omah. Wis kuwe tok Resep Nggawe Glotak  dong ana resep sing salah njaluk map sing segede-gedene.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar